Nyong arep curhat kie karo koe pada, curhat tentang jaman gemiyen pas di putuna nang pacar. Kaya ngapa rasane jajal ? ana sing lagi ngrasakna di putus apa ora ya ? nek ana, ayo kepriwe rasa'ne ? ceritakna ngeneh. Oia, sedurunge nyong pengin ngomong karo rika sing lagi pada mbukak orek-orekan'e nyong iki, aja kelalen ya pollow manuk biru (twitter) nggon nyong ( @NgapakNyong ) men nyong tambah akeh sing kenal, dadi'ne #Ngapakers bisa eksis nang dunia iki, hehehehehee. Misale bahasa ngapak bisa eksis nang Indonesia kan koe pada melu seneng, aja malah isin nganggo bahasa ngapak, ora beres kue nek rika asli ngapak tapi isin nganggo bahasa ngapak jere'ne Pak Kyai kue *ora ilok*. Ora usah kakean cing cong, siki tak tulis'e nang nyong beberapa rasa sing ana pas si putusna nang pacara, tiliki kie :
- Rasa Coklat -> di putusna pas dina Valentine (valentine kan identik karo coklat), rasane jan mangkel pisan, jajal kaya ngapa nek rika sing ngrasakna, batire pada rangkul-rangkulan karo di dulang coklat nang pacare, eh palah awake dewek di putusna, jajal ?
- Rasa Strawberry -> di putusna pas sing wadon lagi mens (strawberry kan abang kaya getih), rasane jan ya ora beda karo rasa coklat, mangkel'e pada bae rasa'ne, kepriwe rasane jajal lagi pacaran koh ijig-ijig di putusna gara-gara sing wadon mau kue lagi mens, dadi kan lagi emosian, padahal ora ana masalah. Kayangapa rasane jal ?
- Rasa Keju -> di putusna pas dewek ulang taun (keju identik karo kue ulang taun), rasane kie jan paling enak kayane tinimbang sing coklat & strawberry, soale iki kue rasa ya sekaligus kado, jajal bayangna bae ya, lagi ulang taun biasane li nang pacar di wei kado special ya men romantis, eh sing iki palah ulih kado speSIAL, sial'e kue di putusna nang pacar, kaya ngapa rasane ? pengin njajal ?
Nah telung rasa kue kaya-kaya'ne ora ana sing enak ya ? tapi ya mbok jere sapa rika ngrasakna ya aja nangis, nangis kue nek jere biyunge *tanda-tanda arep kiamat* #OraNyambung ya ?, yawis nek ora nymabung berarti bersambung. Suwun