Ngapak Nyong Ngapak kuliner Ngapak Curhat Ngapak Dolan Ngapak Manuk Biru Ngapak Video
Pesbuk Manuk Biru Pens Peg Kaktus *eh Kaskus Yutub
Tuesday, June 26, 2012 | 12:09 AM | 0 Comments

#Ngapak Hashtag #CahWadonKue

Ngomongna apa-apa nang manuk biru (twitter) kue bebas, nah siki nyong arep ngomongna pirang-pirang kalimat sing ngarepane kue #CahWadonKue . Kayangapa kalimat'e, tiliki bae kie nang ngisor :

seneng di wei kejutan
seneng nek dinukokna kembang
seneng nek ulang tahun diwei kejutan + kado sing apik
seneng'e manja, njaluk di dulang, njaluk di gandeng tangan'e, njaluk di rangkul, tapi ora gelem ngomong langsung
nek lagi mutung mbales sms mung cendek-cendek mbeti *contone : ya*
aja di gawe lara ati, sepisan di gawe lara ati dadi ora bakal ngewei harapan meng wong
aja nganti di selingkuhi, nek nganti diselingkuhi bakal langsung mutusna
nek pdkt nyenengi, tapi nek wis jadian lewih nyenengi
nek lagi mens dadi bringas kaya macan midek beling
nek lagi nyenengi ya nyenengi, tapi nek lagi nyebeli, tetep bae wong lanang seneng
aja nganti di jahati, soale gampang mendem gela *dendam*
Nah kue nembe semending sing bisa tak tulisna nang postingan saiki, di nteni bae postingan ngarep'e ya, moga-moga ana sing kanggo, sapa tau kanggo update status ya ora apa-apa lah, nyong melu seneng, pokoke melu seneng nek akeh wong sing melu nganggo bahasa ngapak nang dunia maya (internet), salam #Ngapakers . Terus aja pada kelalen ya lur, follow manuk biru'ne nyong @NgapakNyong
 
Copyright Ngapak Nyong © 2010 - All right reserved