Salam Ngapakers, nang ngene nyong arep njelasna apa kue #Ngapakers nah sedurunge tak takon ndisit, wis pada tau krungu mbok kata #Ngapakers ? Nek urung ya kebangeten, berarti ora gaul, ora ngerti budaya. Nah #Ngapakers kue salah siji'ne gerakan sing ora formal, sing ora ana kepengurusan'e tapi akeh sing pada melu, pada ngaku nek dewek'e kue #Ngapakers . Ngapakers kue nggo sapa bae sing gelem nglestarikna bahasa Ngapak, sing ora isin ngomong ngapak nek lagi nang luar kota. Terus akeh juga nang internet sing pada nganggo jeneng ngapak, contone ya Mas Daplun sing twitter;e @NgomongNgapak , terus nyong sing twitter'e @NgapakNyong . Nah ayo sing rumangsa pada wong Banyumas, Banjarnegara, Purbalingga, Cilacap, Kebumen aja pada isin nganggo bahasa ngapak, ayo pada bangga pada nggaya nek ndueni bahasa sing terkenal. Nek lagi kober jajal follow twitter'e nyong, nek ora ya nggolet bae nganggo keyword -> kunci kata utawa di waca kata kunci "Ngapak" nang twitter mesti akeh'e ora umum.
Nah tulisan kie ngesuk tak lanjutna maning, soale lagi ana kepentingan ndisit, pengin ngerti kepentingan'e ? ora usah ding, anu rahasia.Ngapakers
2012-06-21T06:40:00+07:00
Unknown
NgapakNyong|