Ngapak Nyong Ngapak kuliner Ngapak Curhat Ngapak Dolan Ngapak Manuk Biru Ngapak Video
Pesbuk Manuk Biru Pens Peg Kaktus *eh Kaskus Yutub
Wednesday, June 20, 2012 | 2:25 PM | 0 Comments

Lunga maring kota

Kota Jogja, akeh wong pada ngomong kue kota pelajar, kota budaya, kota istimewa, pokokmen jerene Jogja Istimewa. Minggu wingi nyong njajal dolan maring jogja, muter-muter Jogja, akeh sing pada takon "muter-muter meng Jogja meng ngendi bae kang ?" nyong bingung le arep njawab, mbok ndarani sok tau apa kepriben ya, wong genahan nyong meng Jogja muter-muter ya anu gara-gara kesasar ora ngerti dalan. Lah pokokmen kaya kue lah nek di ceritakna, tapi nang kene nyong sebenere arep cerita tentang beberapa keistimewaan Jogja sing tak alami wektu nyong dolan maring ngana. Cerita kit perjalanan sekang Barlingmascakeb bae apa ya ? men koe pada mblenger le maca orek-orek'an iki. Nah kie tak ceritakna pas nyong mangkat ya, pasa mangkat kan liwat Candi Borobudur, nah aring candi Borobudur kue, ya nyong sempet nyelangna poto-poto *ora usah takon poto'ne ndi ?* soale udu poto biasa, nang ngana potokopi KTP gara-gara di tuduh ora
mbayar parkir. Nah wis ora usah ngomongna perdalanan (di waca perjalanan) bae, siki ngomongna tentang wisata kuliner nang Jogja sing ternyata kue nggone wong kebumen, jenengane Kedai Ngapak. Nang aring kedai ngapak kue ana jajanan khas banyumasan, kaya mendoan, es dawet, soto sokaraja,lsp . (Lan Sapanunggalane / dan lain lain). Ngomongna kota Jogja sing megah, nyong kesasar tekan alkid (alun-alun kidul) nah nang ngana nyong mbuktikna tentang mitos sing di tutupi matane terus kon mlaku ngliwati tengah-tengah'e wit wringin 2 gedhe. Nag nyong njajal liwat, akhire mlaku ngegleng bae rumangsa lenceng banget, eh malah ijig-ijih di kampleng wong, gara-gara mlaku tangane nang ngarep eh malah ngemek s*s*'ne cah wadon, akhir'e di kampleng nang pacare. Sial banget wektu semono, mungkin gara-gara pikiran'e nyong lagi kotor apa ya ? akhir'e kapok, terus bali maring Barlingmascakeb karo ngilo nang spion sedawan dalan *mikir apa salah'e nyong*, wis cukup tekan ngene cerita'ne, matursuwun.
 
Copyright Ngapak Nyong © 2010 - All right reserved