Ngapak Nyong Ngapak kuliner Ngapak Curhat Ngapak Dolan Ngapak Manuk Biru Ngapak Video
Pesbuk Manuk Biru Pens Peg Kaktus *eh Kaskus Yutub
Saturday, June 30, 2012 | 9:02 PM | 0 Comments

#Ngapak @NgapakNyong dadi @GuruNgapak

Nyong arep curhat karo koe koe pada, amargane urung sue winginane manuk biru'ne nyong kena hack, mbuh kepriwe ceritane, mbuh kepriwe karep'e. Dadi siki pada follow @GuruNgapak ya, men nyong bisa eksis maning nang manuk biru (twitter). Siki akun @NgapakNyong wis ora kanggo maning, siki ganti @GuruNgapak , dadi kabar-kabarna sedulur pada kon follow yak, men nyong bisa mopulerna bahasa #Ngapak meng wong se Indonesia. Salam #Ngapakers !!!
Read more
Thursday, June 28, 2012 | 8:35 AM | 0 Comments

#Ngapak manuk biru'ne bodol maning

Nyong lagi galau, nyong lagi sebel karo sing jenengane manuk biru (twitter), kenangapa nyong bisa galau ?. Ceritane kaya kie, dadi nyong mau mbengi kan lagi onlen biasa ya, terus ya biasa dolanan ujug-ujug koh palah langsung ana tulisan "akun anda ditangguhkan". Rasane dadi wis sebel dolanan manuk biru maning, saiki ngong arep dolanana blog bae lah, sapa tau ngemben gede dadi dokter *loh deneng dokter ? *.
Siki wis putus nyong karo manuk biru, pokoke manuk biru ora setia karo nyong, putus lah.

Read more
Wednesday, June 27, 2012 | 10:18 PM | 0 Comments

#TekaTekiNgapak soal-1

Mumpung lagi ana koneksi internet, nyong arep nulis nang kene babagan takon pinakon utawa bahasa gaul'e kue #TekaTeki . Nah ana teka-teki sing wajib di jawab nang rika pada lur, seminggu sepisan bae nyong nggawe soal nggo teka-teki ya, soal pertama siki kaya kie :

Tukang apa sing paling saru nang Indonesia, sebutna kenangapa bisa di omong saru ?

Kirim jabawan'e gampang, langsung mensyen @NgapakNyong utawa'ne langsung komen nang postingan kie, sing pinter njawab tak wei hadiah *sapa tau mung donga*. Monggo di pikir sing temenanan ndipit ya, salam #Ngapakers .

Read more

#Ngapak Hashtag #CahLanangKue

Salam #Ngapakers sedulur kabeh, winginane nyong sempet posting babagan bocah wadon, ana pirang-pirang fakta sing nyeritakna tentang bocah wadon, nah nang tulisan siki, nyong arep nulis sing tentang bocah lanang, kaya ngapa tulisan'e ? kie ayo pada di tiliki :

#CahLanangKue perhatian'e kadang-kadang tok, tergantung muuttt
#CahLanangKue seneng nek cah wadon'e kue supel ora menengan bae
#CahLanangKue asli'ne seneng nggawe cah wadon penasaran
#CahLanangKue mandan seneng bocah wadon sing fulgar *ups*
Read more
Tuesday, June 26, 2012 | 7:16 AM | 0 Comments

#Ngapak aweh salam

Good morning, selamat pagi, baju kuning menarik hati. Nah nang kesempatan kie, nyong arep nidokna salam utawa nulis salam nggo pengguna manuk biru (twitter) sing urung tak kenal. Mbuh sekang ngendi asal'e ulih jenengane wong-wong mau, tapi sing penting tak salami bae nang nyong, men pada ketularan Ngapak, nyong pengin bahasa Ngapak kue di kenal nang ngendi papan nang Indonesia utawane nang luar negri

Read more

#Ngapak Hashtag #NgapakAdalah

Meh pada karo postingan sedurunge, sing isi'ne mung orek-orekan sing di kandahnan nang manuk biru (twitter) nggon @NgapakNyong . Postingan sedurunge ki #CahWadonKue lah nek sing siki beda maning, sing siki hashtag'e nganggo #NgapakAdalah , pengin ngerti kaya ngapa bae, mayo di waca bareng-bareng nang ngene :

bahasa yang perlu dilestarikan !!! bahasa yang lucu dan bikin ketawa !!!
  salah satu ciri khas orang banyumasan
Read more

#Ngapak Hashtag #CahWadonKue

Ngomongna apa-apa nang manuk biru (twitter) kue bebas, nah siki nyong arep ngomongna pirang-pirang kalimat sing ngarepane kue #CahWadonKue . Kayangapa kalimat'e, tiliki bae kie nang ngisor :

seneng di wei kejutan
seneng nek dinukokna kembang
seneng nek ulang tahun diwei kejutan + kado sing apik
seneng'e manja, njaluk di dulang, njaluk di gandeng tangan'e, njaluk di rangkul, tapi ora gelem ngomong langsung
nek lagi mutung mbales sms mung cendek-cendek mbeti *contone : ya*
Read more
Friday, June 22, 2012 | 7:41 AM | 0 Comments

#Ngapak : ATAP (Antara Telu Apa Papat)

Urip nang dunya kui mancen angel, dadi kaya kie lur, akeh banget masalah utawane problema sing dadi marai menungsa kue bingung milih mendi sing bener lan mendi sing salah. Salah bener'e menungsa kue angel di ukur karo angel di simpulna, contone ya kaya gambar sing nang nduwur kae, nek wong sebelah kiwa ngomong bener, tapi nang wong sebelah tengen di anggep salah, semono uga kewalikane. Dadi kaya kue lur, wong urip kue pancen angel, pancen kudu bener-bener bisa milih ndi sing bener ndi sing salah, terus bisa mikir positip terus men ora ana pikiran jahat sing mlebu aring utek'e dewek. Wis semene bae tulisan'e nyong saiki, monggo di pelajari di renungna gambar mau kue, nek mancen bener-bener di pikirna, di gatekna, mesti bisa dadi wong adil, bijaksana. Oia sedulur kabeh sing urung ngerti sapa nypng, ayo pada mbukak manuk biru (twitter) terus pollow nyong ya @NgapakNyong di jamin njenengan pada dadi sering mesem, awet enom, tapi dadi kadang cok ketularan kenthir. Nek gambar sing nang nduwur ora katon, kie tak templokna maning gambar sing mandan gedhe semending

Read more
Thursday, June 21, 2012 | 6:40 AM | 0 Comments

Ngapakers

Salam Ngapakers, nang ngene nyong arep njelasna apa kue #Ngapakers nah sedurunge tak takon ndisit, wis pada tau krungu mbok kata #Ngapakers ? Nek urung ya kebangeten, berarti ora gaul, ora ngerti budaya. Nah #Ngapakers kue salah siji'ne gerakan sing ora formal, sing ora ana kepengurusan'e tapi akeh sing pada melu, pada ngaku nek dewek'e kue #Ngapakers . Ngapakers kue nggo sapa bae sing gelem nglestarikna bahasa Ngapak, sing ora isin ngomong ngapak nek lagi nang luar kota. Terus akeh juga nang internet sing pada nganggo jeneng ngapak, contone ya Mas Daplun sing twitter;e @NgomongNgapak , terus nyong sing twitter'e @NgapakNyong . Nah ayo sing rumangsa pada wong Banyumas, Banjarnegara, Purbalingga, Cilacap, Kebumen aja pada isin nganggo bahasa ngapak, ayo pada bangga pada nggaya nek ndueni bahasa sing terkenal. Nek lagi kober jajal follow twitter'e nyong, nek ora ya nggolet bae nganggo keyword -> kunci kata utawa di waca kata kunci "Ngapak" nang twitter mesti akeh'e ora umum.
Read more
Wednesday, June 20, 2012 | 2:25 PM | 0 Comments

Lunga maring kota

Kota Jogja, akeh wong pada ngomong kue kota pelajar, kota budaya, kota istimewa, pokokmen jerene Jogja Istimewa. Minggu wingi nyong njajal dolan maring jogja, muter-muter Jogja, akeh sing pada takon "muter-muter meng Jogja meng ngendi bae kang ?" nyong bingung le arep njawab, mbok ndarani sok tau apa kepriben ya, wong genahan nyong meng Jogja muter-muter ya anu gara-gara kesasar ora ngerti dalan. Lah pokokmen kaya kue lah nek di ceritakna, tapi nang kene nyong sebenere arep cerita tentang beberapa keistimewaan Jogja sing tak alami wektu nyong dolan maring ngana. Cerita kit perjalanan sekang Barlingmascakeb bae apa ya ? men koe pada mblenger le maca orek-orek'an iki. Nah kie tak ceritakna pas nyong mangkat ya, pasa mangkat kan liwat Candi Borobudur, nah aring candi Borobudur kue, ya nyong sempet nyelangna poto-poto *ora usah takon poto'ne ndi ?* soale udu poto biasa, nang ngana potokopi KTP gara-gara di tuduh ora
Read more

Nyong di putusna

Nyong arep curhat kie karo koe pada, curhat tentang jaman gemiyen pas di putuna nang pacar. Kaya ngapa rasane jajal ? ana sing lagi ngrasakna di putus apa ora ya ? nek ana, ayo kepriwe rasa'ne ? ceritakna ngeneh. Oia, sedurunge nyong pengin ngomong karo rika sing lagi pada mbukak orek-orekan'e nyong iki, aja kelalen ya pollow manuk biru (twitter) nggon nyong ( @NgapakNyong ) men nyong tambah akeh sing kenal, dadi'ne #Ngapakers bisa eksis nang dunia iki, hehehehehee. Misale bahasa ngapak bisa eksis nang Indonesia kan koe pada melu seneng, aja malah isin nganggo bahasa ngapak, ora beres kue nek rika asli ngapak tapi isin nganggo bahasa ngapak jere'ne Pak Kyai kue *ora ilok*. Ora usah kakean cing cong, siki tak tulis'e nang nyong beberapa rasa sing ana pas si putusna nang pacara, tiliki kie :

Read more

Mendoan Banyumasan

Mendoan, sapa sing ora ngerti mendoan cung ? sing ora ngerti mendoan berarti wong urung tau meng luar negri, urung tau meng amerika. Nang kene nyong arep nyeritakna setitik tentang mendoan kie. Mendoan kue panganan sing di gawe sekang dele (udu penyanyi adele lho), dadi mendoan kue tempe sing di goreng ora patia mateng banget. Nek di pangan pas anget kue jan jos pisan pokoke lur, dadi ayo wong-wong kabeh si Indonesia pada njajal maring banyumasan njajal mendoan khas banyumas, mesti ketagihan terus nggolet bojo wong banyumas *men teyeng nggawekna mendoan mben dina* #Kode. Ya wis ndisit ya, nyong arep nggoreng mendoan ndisit, pareng.
Read more
Monday, June 18, 2012 | 9:23 AM | 0 Comments

Nyong Lair neng Internet

Bismilah, dina Minggu wingi akhir'e nyong bisa lair nang internet, mbuh kprwe carane, mbuh sapa sing nglairna, ijig-ijig koh bisa mbrojol nang internet. Sedurunge arep ngomong "Matursuwun" kanggo Gusti Alloh ingkang Maha Ageng, ingkang sampun maringi mapinten-pinten kanikmatan. Ora nyangka lan ora nyana Nyong bisa lair nang internet, arep njajal dadi wong sing mandan di kenal nang Internet, pancen angel banget proses'e si, tapi ya ora ana salahe neng nyong pengin njajal, sapa tau teyeng kaya Justin Biber, Tukul Arwana, Suju, terus akeh liane, pokoke ya men terkenal lah, ora urusan koe arep ngomong apa, sing penting nyong ya nyong.


Read more
 
Copyright Ngapak Nyong © 2010 - All right reserved