Manuk biru (twitter) sebenere nantang gelut ngong apa kepriwe si yak ? *Lho deneng mas ? anu kepriwe kue ceritane ?*. Ceritane kaya kiye lah ya, anu nyong ganu kan nggawe manuk biru @NgapakNyong terus ora sue koh ora bisa di bukak, mbuh anu nglanggar lampu merah apa lampu kuning *ora paham*. Nah wis kaya kue kan nyong gela mutung-mutung nang aring twitter, akhir'e gawe akun maning nganggo jeneng @GuruNgapak , cita-cita'ne men dadi pegawai negri, dadi nganggo embel-embel guru. Nah dina kie ya, twitter sing lawas tak jajal bukak koh dadi maning, kiye ucapan syukur ya ucapan gela juga si, kenangapa ora kit anding di dadek'na akun'e nyong sing lawas. Wis siki ora arep tak pikir, nyong ndue manuk biru 2 berarti sing siji nggo bur-bur'an sing sijine maning nggo nglepek *kaya wong dolanan dara*. Ayo sedulur pada follow @NgapakNyong utawane @GuruNgapak ya, salam #Ngapakers
#Ngapak Manuk biru aneh
2012-07-05T12:31:00+07:00
Unknown
Ngapak Curhat|Ngapak Manuk Biru|