Nah siki Mas Paijo pengin nulis lirik lagu Rock 'N Roll Banyumasan, sapa tau pada pengin ngapalna lirik'e men teyeng nembang nggo pacar'e sing lagi ulang taun, kan jan romantis pisan nek ulang taun di nembangnya tembang Rock 'N Roll Banyumasan. Lirik'e kaya kiye :
Ayuh ngibing, ayuh dansa
Timbang puteng ayuh padha,
Rock 'N Roll Banyumasan
Lumayan nggo hiburan
Idhep-idhep mbuwang sebel
puyeng mmayuh ibing-ibingan
Bocah-bocah, lanang wadon
Kaki nini lan nom-noman
Rock 'N Roll Banyumasan
Yuh, aja isin-isinan
Idhep-idhep anggep baen
olah raga nyambi hiburan
Ayuh padha ibing-ibingan
Musik Rock 'N Roll Banyumasan
Ayuh aja isin-isinan
Kena ngibing ningen tetep kudu eling,
lan eman papan
Ayuh padha ibing-ibingan
Musik Rock 'N Roll Banyumasan
Ayuh aja isin-isinan
Kena ngibing ningen tetep kudu eling,
lan eman papan
Nek arep ndeleng video'ne Rock 'N Roll Banyumasan -> pejet teng mriki . Mas paijo ngaturaken salam #Ngapakers kanggo sedoyo pengunjung blog niki, ampun kesupen nggih follow Mas Paijo teng @NgapakNyong